TOKCER
"Kang katelu, 'Ing sajeroning suwargo ono samubarang kang dadi krenteke ati lan endah (dinulu) netro, siro kabeh selawase ono ing sakjerone' mangkono firman saking Gusti Moho Agung ing surat Az-Zukhurf ayat 71. Dawuh iki kanggo ngandelne iman kito, gelem laku sabar, syukur, narimo nalikane urip ning dunyo sing ora suwe iki, dimen tansah nyuwun marang Hyang Agung Wicaksono, supoyo biso manut reh printahe, ing kanane kabeh diudaneni, Ngger.. Sangger krentek dadi, cokbles, tokcer, saknaliko saben nyuwun langsung diparingi..."
"Anak kang biso mikul dhuwur, mendhem jero pancen biso ngumbulke derajate wong tuwo. Ananging anak kang lemah ilmu ugo imane, ora duwe tatakrama, ilang sopan-santune, rangabekti marang wong tuane lan ramituhu marang Gusti Pangerane iku dadi kosokbalene.."
"Mongko ojo milek, meri, drengki, srei marang sedulur iro kang diparingi kanugrahan anak-keturunan, bondho-bandhu, pangkat-drajat lan sakpiturute. Ojo nyawang wong liyo luwih penak, luwih mulyo, sebab durung mesti kuat lan dadi apike lamunto sliramu pinaringan kang mangkono kui. Anging poda nyawango yen to kahananmu iki kang paling apik tumrap awakmu.. Kabeh wus tumoto, apik lan pas, gathuk karo awake dhewe-dhewe..."
"Syukur kui tondho menungkule kawulo marang Gustine. Sopo kawulo kang rabiso maturnuwun peparing-E, dheweke tinemu kufur kahanane, ciloko Ngger yen mangkene. Wis samene wae yo ngger anak lan sedulurku, mugo biso rumesep ing kalbu, bebarengan biso dilakoni lumaku ing dalan lurusing Gusti.." Romo Semar nutup majelis (pasewakan) rutin wengi iki.
Penulis: Susilo

Comments
Post a Comment