KANUGRAHAN AGUNG
Purno anggenyo paring dawuh babagan dawane umur, Ki Badranaya banjur nyuwun pirso maneh marang kang rawuh ing pasewakan.
“Ngger anakku lan sedulur-sedulur, mungguh siro kabeh opo to kanugrahan agung
tumpraping wong urip?” Pitakone Ki Semar.
“Mo, Mo.. takon ae, kok koyo cerdas cermat..”
Clethukane Bagong sing gawe geeerrr wong akeh.
“Kawruhono
Le, Ngger anakku, Romo iki ngetrapake cara sinau siswa aktif, demokratis, podo ngetokake
pendapat lan usulan kanggo mbuka cakrawalane dhewe-dhewe.. Sopo ngerti yen
pranyoto, wis podo paham sawijining persoalan, dadi Romo mung kari nandesne
wae... Hayo piye pengertenmu ing ngatase pertanyaane Romo mau?” Ki Semar paring
katerangan lan mbaleni takon .
“Bondho-bandhu sing uakeh Mo, lek mungguhku..” Jawab
Petruk.
“Pangkat sing dhuwur lan bojo uuuuayu..
Mo...” Sautane Bagong karo cengengesan.
“Menggah kulo, Sekti mandraguna, Mo...” Gareng ora
kalah melu jawab.
Poro kang rawuh podo manggut-manggut,
tolah-toleh, jowil-jawilan, podo nyarujuki jawaban wong telu mau. Benjur Ki Semar paring
dawuh maneh.
“Kabeh kui bener, sing mbok sebutake mau Ngger. Ananging kui kanugrahan sing paling cilik, ngisor lan asor
mungguh derajate..”
“Alaaah, mungguhku kui yo wis top-topan lo Mo.
Terus kanugrahan opo sing luweh dhuwur soko kui??” Wong-wong podo gawok-mlengok,
kiro-kiro do mbatin, ndengaren Bagong kok iso nyambung omongane.
“Kanugrahan sing paling agung kui nalikane pinaringan
anak-keturunan sholih-sholihah, kokoh imane, jejeg ngibadahe.. Yokui keturunan
sing tunduk marang Gustine lan apik marang sapadane. Iki lo Ngger kanugrahan
agung... Anging ora gampang mujudake kui, ora
keno sinonggo entheng, opo maneh linambaran sombong. Sebab petuduk jati kang
biso nuntun anak-turun dadi ngabekti iku mung soko Gusti Kang Moho Suci.” Penjelasane Ki Semar.
“Moo… lha lajeng
pripun Mo, kawulo ingkang mboten kinersak-ake pinaringan keturunan?” Pertanyaane
Gareng sing terkenal cerdas lan kritis.
“Pertanyaan good, apik banget (Ki Semar karo ngacungake jempole), ngilmu iku thukul ngremboko soko roso penasaran kang nuwuhake
pitakonan. Sang Hyang Agung kang nyipto jagad royo iki Maha Adil Ngger, Gusti
Rasul panutan kita ugo wicaksono……
Bersambung….
Keren suhu
ReplyDelete