DAWANE UMUR


Bengi kui Ki Lurah Semar Badranaya ya kang winastan Janggan Smarasanta, utawa Ki lurah Nayantaka ya karan Sang Hyang Betara Ismaya nglumpukake putra-kerabate. Kadyo padatan pasewakan ini wis rutin kalaksanan. Gareng, Petruk lan Bagong mesti lungguh ngarep dhewe karo do gegojekan, trio sedulur kandung kui klop banget koyo rakeno wal siji lan sijine.

"Ngger, anakku cah bagus lan sedulur kabeh, piye to pangertene umur kang dowo kui?" Ki Semar mbuka pituture.

"Yoo, sing umut satus tahun luweh Mo..." Jawab Bagong. 

"Ho oh Mo, malah keporo iso luwe dowo maneh no.." Saut Petruk. Gareng no comment, mung manthuk-manthuk koyoe setuju.

"Umume jawabe yo ngono kui pancene Ngger. Haning umur kang dowo, yuswa kang panjang mungguh Hyang Tunggal Maha Agung kui ora ngono.!!" Gareng. Petruk, lan Bagong tambah serius ngrungok-ke dawuhe Ramane.

"Mungguhe Gusti, umur iku kaitung sapiro suwene awakmu eling, kumanthiling ati marang Gustimu. Sak piro akehe waktu sing kok gunak-ke kanggo ngibadah marang Gustimu. Piro akehe pakaryan lan sesrawungan sing kok sendhek-ke hono pangayunaning Hyang Agung Le..." Dawuh Betara Ismaya.

"Coba Ngger anakku, saiki itungen sak suwene uripmu iki sing mligi, lurus lan suci kok hatur-ke kanggo Sang Hyang Maha Suci piro akehe? Podo ngudarasa, ngulat salira hangrasa wani.." Ki Semar merem nutupke tlapukane, ngajak putrane muhasabah umure wis kanggo opo wae.

"Yen sajrone ngudarasa kanthi jujur, nyatane tinemu umurmu akeh nggawe dosane timbang ganjarane, okeh nglarani wong tuwo lan wong liya tinimbang nyenengke, mongko enggal-enggalo nyuwun pangapuro tumuli gantinen kanthi amal kang becik. Suwalike, lamun to tinemu ngibadah, amal kang apik ojo mbok akoni nek kui kabisanmu, pintermu, hebatmu. Kabeh mau tuwuh soko rahamating Gusti.. Sujud syukuro sak jero-jerone, bejo banget menawa mengkono kui Ngger..." Dawuh Ki Semar sinartan mbuka netrane.

Bersambung.....

Penulis: Susilo


Comments

Popular posts from this blog

Kekuatan yang Tak Terkalahkan

MALU DENGAN SEPATU

Beda Jalan Satu Tujuan (Part 2)