TOGOG KEPLESET
Sore kui Petruk karo Gareng lagi asyik nonton berita carut-marut korupsi dalam negeri neng tivi, sinambi karo udut lan nyurup kopi plus guyon jegagakan, jan santei poolll. Kaget ora dinugo, sak jroning gayeng ujuk-ujuk krungu suara kang jingkatne kekarone. "Sreeet... gedebluk!!!" Durung mari olehe kaget ditambah maneh karo suara bianterrr... "Jiancxxx!!!!"
Sakolo Petruk lan Gareng podo pandeng-pandengan karo ngacung nunjuk jari munggah pratanda lek dheweke kenal karo suara kui, kekarone kompak banjur bengok, "Togoooggg..!!!"
Togog sing sik njekengkang, anyel, nuli noleh nggoleki asale suara. Bebarengan kui mak crudul metu soko lawang wajah sing ora asing. Togog kenal banget "Wong edan" batine Togong nyemantani Petruk lan Gareng.
Petruk karo Gareng age-age nulungi Togog sing keblekan sepeda onthel jadule, kathoke keploh, klambine gluprut endut. Krono mentas udan dalane lunyu, Togog sing kondhang clinthisan tibo kepleset. Petruk nuntun sepedae, Gareng nuntun Togoge diajak mlebu nek omahe.
"Sik tak jupuke kathok karo klambi, gek gantio sik Gog.." Gareng menehi solusi. Ralet sui Gareng metu, trus ngelungke kathok karo klambi. Togog tumuju nek jeding, adus lan ganti pakaian. Gareng tumuli nyiapne kopi kanggo Togog.
"Reng njaluk tas kreseke to, nggo wadah gombal teles" Togog mlebu nek ruang tamu karo nylethuk.
"Wee iyo Gog, kok lali to aku meng. Kono ngopi sik karo udut, tak jupukne kreseke", Jawab Gareng.
"Ki Gog kreseke. Lha yo lo ngerti lek tas udan dalane lunyu kowe mau yo kok panggah clinthisan lekmu numpak peda.." Gareng sengojo karo njarak.
"Eleh, ngono kui pas apes Reng.." Togog rodo nil atine.
Akhire wong telu ngobrol santui ngalor-ngidul rajelas themane. Pokoe sak ilinge diomongne lek lucu yo do metu guyune. Dumadakan Petruk nylethuk, "Kang Gareng, wong korupsi sing ditangkep KPK berita nek tivi mau kui prayo pas apes koyo Togog to Kang??"
"Lek mungguhku kui uduk apes Truk, sebab wong korupsi kui wis direncanakne, piye carane, golek celah aturan sing iso dilanggar utowo diplesetne, sopo wae pelakune sing dijak terlibat, kapan ekskusine, malah kiro-kiro yo wis jelas target piro olehe nggarong bareng hinggo dum-dumane." Jelas Gareng.
"Lha jenenge opo Reng", pitakone Togog.
"Kui ngono wong nggawe juglangan, yos pancene pas nek kecemplung utowo kongan. Koruptor kui wong egois sing mung nuruti nafsu serakahe dewe." Gareng ketok banget yen geram.
"Walah untung banget no awake dhewe iki dadi rakyat, opo sing arep dikorupsi..." Seloroh Petruk njegagak ciri khase.
"Ora keno semono Truk, rakyat yo iso loo dadi pemicune korupsi" sautane Gareng.
"Lhooo piye? Kok isooo...???" Petruk karo Togog kompak.
"Delo engkas, tanggal 27 Nopember 2024 iki bakal ono Pilkada serentak. Iki iso dadi mulobukane rakyat dadi mulyo utowo malah ciloko. Lek rakyat mung milih pimpinan krono kapilut amplope, podo karo rakyat gawe juglangane dewe. Menowo pejabat sing dadi krono pilihan rakyat kui kakehen ragat, ing akhire piye lek mbalekne biaya magange? Korupsi dadi solusi mungguh dheweke, korupsi dadi merajalela. Sopo sing melu dadi penyebabe? Rakyat. Sopo sing melu naggung akibate? Yoo rakyate". Petruk karo Togog mung manthuk-manthuk ora iso gedheg.
"Sakwalike lek rakyat milih calon pimpinan kanthi dasar kwalitas, ramikir golek untung kanggo sagebyaran. Kui rakyat sing cerdas, duwe visi kedepan yang jauh, kanggo nylametke nuso lan bangsane..." Gareng nutup orasine.
Petruk karo Togog tepuk tangan karo lambene isik mlongo..
Penulis: Susilo (Anggota JatimPAK)
Wah, genre baru ini Pak. Bagus Pak, tapi ada kata yang tidak konsisten. Seperti jari, seharusnya driji. Karena genre tulisannya bahasa Jawa🙏
ReplyDelete