DRAJAT KANG DHUWUR
"... Lamun to kawulo ora pinaringan opo kang dadi panyuwune, ora ateges Gusti Gung ora ngabulake Ngger.. Ananging kabeh kang gumelar iki dadi ujian imane.." Romo Semar nerusake ngendikane.
"Maksude Pripun Mo???" Petruk penasaran.
"Lek awakmu nyuwun bondho, banjur Kang Hakaryo jagad turunake bondho akeh, opo awakmu iso lilo nompo lan syukur?" Pitakone Ki Semar.
"Yo mesti nompo kanthi lilo banget lan syukur to Mo, lha panyuwunane dikabulke.." Jawab Petruk mantep.
"Lha lek ora diparingi, isih iso nompo ora?" Pitakone Ki Semar nguatake keyakinan.
"Hmmm... hmmm... piye yo Mo, weeh, weh, weh bingung aku.." Wangsulane Petruk karo garuk-garuk sirahe.
"Diudaneni sak naliko, diundur anggone ngabulke, utowo diganti kang luweh becik kui hak prorogratife Hyang Agung, Ngger.. Yen awakmu iso nrimo kabeh wujud keputusane Kang Nyipto parmudito, yekti unggul drajatmu ing ngarsane Dzat Kang Moho Wikan.. Iku nandandi imanmu wis lulus ujian, rupo ujian apik lan olo mungguhing kawulo.." Katerangane Ki Semar gamblang.
Poro kang rawuh ing bale agung Klampis Ireng podo meneng, njejeb, ndingkluk nancepake janggud ing dadane, nggraito awake dhewe-dhewe. Opo ing sak suwene uripe wis iso nompo kabeh kaputusane Gusti kang nguwasani gumelaring bumi.
"Kridhane ati ora bakal biso mbedah kuthane pesthi, kabeh wis kagegem ing astane Gusti. Eling den elingno tan pomo ojo dilalekno, menowo kabeh pesthi soko Kang Moho Suci iku apik kanggo kawulo jati." Kabeh kang rawuh mbalik maneh podo serius mirengake dawuh.
"Reng, pitakonmu mau coba jawaben dhewe...." Ki Semar mbalekne pitakone Gareng.
"Nggih Mo, lamunto kulo tinitah dados kawulo ingkang mboten kinersakaken pinaringan anak-keturunan kulo saged nampi kanthi narimo, lego, lilo, Mo. Sedoyo kulo lampahi hamung krono nderek titahing Gusti.." Gareng mangsuli kanthi trawoco.
"Bener Ngger, wis ora tak tambahi. Kang kapindho, 'Wong Iman kang kepengin banget duweni anak, mbesok ono ing suwargo bakal biso ngandung, nglahirake lan anake enggal gedhe kanthi cepet, persis koyo sing dheweke kepinginake' (HR. Trimidiy saking Abu Sa'id al-Khudriy, ingkang dipun tashih Ibn Hibban). Kanjeng Nabi wis dawuh mangkono, mongko ora ono kang diwas sumelangake.. Dawuh iki negasake menowo kabeh dungo kinabulake, nanging kito ara ngerti kapan wayahe, nengendi papane ugo wujude.." Tambah jero anggone ngrasakne lan nyecep ilmune, tandane podo manthuk-manthuk raono mandegke.
Banjur Kang Romo nerusake, "Kang katelu...."
Bersambung........
Penulis: Susilo

Comments
Post a Comment